KANGEN KOWE
Aku kangen kowe
Esuk awan wengi sore
Aku kangen kowe
Cah ayu aku neng kene
Aku kangen kowe
Entenono sak tekane
Aku kangen kowe
Aku kangen karo kowe
Kangen kangen
Yang aku kangen
Ngenteni kowe aku neng kene
Eling alismu eling pipimu
Ugo eling kuwi ayumu cah ayu
Neng kene kangen atiku kangen
Mung eling karo kowe cah ayu
TANJUNG MAS NINGGAL JANJI
Bebasan Koyo Ngenteni Udan Ning Mongso Ketigo
Najan Mung Sedelo Ora Dadi Ngopo
Penting Iso Ngademke Ati
Semono Ugo Rasane Atiku
Mung Tansah Nunggu Tekamu
Ra Kroso Setaun Kowe Ninggal Aku
Kangen... Kangen'e Atiku
Aku Sik Kelingan Naliko Nang Pelabuhan
Kowe Janji Lungo Ra Ono Sewulan
Nanging Saiki
Wes Luwih Ing Janji
Nyatane Kowe Ora Bali-bali
Ning Pelabuhan Tanjung Mas Kene
Biyen Aku Ngeterke Kowe
Ning Pelabuhan Semarang Kene
Aku Tansah Ngenteni Kowe
Sepine ing wengi iki
Aku eling
Atiku mung tansah eling karo kowe
Angin parama ribut
Tansah ngelingake
Aku ora bakal lali karo kowe
CINTAKU SEKONYONG-KONYONG KODER
Cintaku sekonyong-konyong koder
Karo kowe cah ayu sing bakul lemper
Lempermu pancen super resik tur anti laler
Yen ra pethuk sedino neng sirah nggliyer
Cintaku sekonyong-konyong koder
Paribasan durung demok wani panjer
Modal bensin seliter montorku tak setater
Tak ampiri arep tak ajak muter-muter
Tiwas aku dandan mlipit
Rambutku tak ulet ngangge pomit
Malah kowe lungo plencing
Ora pamitmit..mit..mit.mit..miiit
Ref. Biiir..temulawak
Nggon ku mikir neng awak ngartii rusa..ak
Rusaaaak..njobo njero,
Sing tak pikir jebule koyo ngono!
Kembang jambu grogot dipangan uler(ler)
Cintaku sekonyong-konyong koder
Uler keket mlakune klogat-kloget
Allah jabang bayi jebul aku keno pelet...
No comments:
Post a Comment